BISNIS ONLINE

Senin, 20 Februari 2012

SINGIRAN GUS DUR (KH. ABDURRAHMAN WAHID)


Singiran K.H Abdurrohman Wahid (Gus Dur)

Ngawiti ingsun nglalar singirian, # kelawan muji marang Pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan # rino wengine tanpo pitungan
Doh bolo konco priyo wanito # ojo mung ngaji ngrasani tonggo
Gur pinter ndongeng, nulis lan moco # tembe mburine bakal sangsoro
 
Akeh kanga pal qur'an haditse # seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke # yen isih peteng ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro # ing pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri nikmate tonggo # mulo atine peteng lan nisto

 
Ayo sedulur jo nglalekake # wajibe ngaji sakpranatane
Den-gondelake iman tauhide # baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh bagus atine # krono mapan segi ilmune
Laku toreqoh lan makrifatie # ugo haqiqot manjing rasane

 
Alqur'an qodim wahyu minulyo # tanpo ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito # dentancepaken ing jero dodo
Kumantil ati lan pikiran # mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman # minongko dalan manjinge iman

 
Kelawan Allah kang Moho Suci # kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadlohi # dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman # dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo snajan pas-pasan # kabeh tinakdir saking Pengeran

 
Kelawan konco dulur lan tonggo # kang podo rukun ojo sok ngino
Iku sunnahe Rosul kang mulyo # Nabi Muhammad panutan kito
Ayo nglakoni sekabehane # Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire # ananging mulyo maqom drajate

 
Among palastro ing pungkasane # ora kesasar roh lan sukmane
Dengadang Allah swargo manggone # utuh mayite ugo ulese

0 komentar:

Posting Komentar

PALING DISUKAI